Kamis, 04 Oktober 2012

Awas Minggir2... Panjang Beud neh..

»»»Special Khusus Boso Jowo«««
Dikarenakan Mbah marijan udh gak bsa Translate.. Maka mngkin hanya org Jawa yg bsa baca ini..

BlekBeri
Apa kuwi blekberi? Blekberi kuwi
tembelek di emberi.
Ganengan jaman uwis maju , pating
tletek

teknologi anyar hape jaman siki.
Termasuk salah sijine sing jenenge
Blekberi. Meh saben neng dalan,
neng warung, neng kampus, nganti
neng WC akeh wong pada dolanan
blekberi. Nek lagi mangan, tangan
siji nyekel BB, tangan sijine nyekel
sendok. Keliru gole mangan, hapene
sing di untal. Keselek ya kawus.
Salah siji fitur (mbuh bahasa
ngapake apa) blekberi kuwe BBM :
Bahan Bakar Minyak alias bensin
literan sing di dol Nini Sarkem (udu
kuwe ngob, BBM : Blackberry
Messenger).
Nek arep BBMan kudu tukar pin. Pin
kuwe asale sekang Malaysia. Film
kartun sing lucu kae. Pin I pin. #
ngob
Pin saben BB kuwe beda. Ora kaya
pin ATM toli kabeh wong pada, mesti
pin e ******* kabeh.
Saking terkenale pin, neng twitter
akeh sing majang pin BB neng bione.
Jan-jane kuwe tanda saking ora
payune ndean. Mbok menawa ana
sing gelem nge-add trus dadi pacare.
Ngarep banget. Melasi yah..
BBM bisa kanggo chattingan.
Chatting kuwi tutup sega sing
bahane sekang anyaman pring kae
loh.. (kuwi cethiiing..!!). Jere nek
chating neng BBM kuwi gratis.
Pancen sih gratis, tapi sedurunge ya
kudu langganan wulanan disik. Pada
bae nglombo asline. Biasa lah dewek
gampang di lomboni. Tapi ya aja
kebangeten gole dilomboni. Apa-apa
sing ana neng BB yan kudu pinter
gole nganggo. Sing pas aja
kelewihen.
Nek lagi chatingan, mbuh
kenangapa ana sing jenenge PING!!,
kayane sih lagi etung-etungan..
PING
siji, PING loro, PING telu, PING
koPANG kaPING Edian.. Suwe-suwe
ya PINGsan.
Ana sing nyebut blekberi kuwe
smart phone (telepon pinter), tapi
seringe sing nyong ngerti sih, wong
sing nganggo blekberi justru ora
patiya pinter. Pada ngisin-ngisini.
Kiye nyatane type pengguna
blekberi:
-Model : Ganti foto saben 5 menit
sepisan. Sirahe dig awe mereng-
mereng. Mbuh uteke mereng Edan.
Jane raine sih ajeg bae, kaya kuwe
tok. Arep di edit kaya ngapa ya ajeg
bae.
-Alay : Alay kuwe artine ala yah.. Ya
wonge ala ndean (kaya sing maca
tulisan kiye). Jenenge angel di golet,
morak marik kaya raine. Contone
*4kUh im03t l0h. Mumet ndase gole
maca jenenge. Fotone ya miring-
miring mbuh lagi kenangapa. Uteke
ndean sing miring. #eh
-Tukang Lapor : kerjane gawe
laporan berita, kaya pak hansip sing
jaga ronda. Saben-saben kirim
laporan. Tapi ora nggenah laporane.
Mbuh laporan apa. Nek anu ora
bener donge ya ora usah di sebar-
sebarna. Mandan di pikir disit
sedurunge ngirim. Jere smart phone.
-Tukang Medeni : kiye pengguna
blekbery keturunan mahluk halus
ndean. Senengane medeni wong.
Jere arep di udag pocong lah,
ditekani kuntilanak lah, arep kiamat
lah.. haduuuh ujare BB kuwe sajen
ndean teyeng nekakna memedi.
-Sok Ngartis : senenge gonta ganti
status saben menit. Status di akui,
dela bae di ganti di samakan. Suwe-
suwe statuse ora nggenah.
-Mandan Lengob : kiye mbuh pancen
lengob apa anu ora ngerti. Ndi
panggonan nggo jeneng, ndi
panggonan nggo status di wolak-
walik. Jane pada sekolah apa ora
nggane..
-Sok Eksis : istilahe sok tenar. Neng
ndi bae apdet status. OTW Monas
lah, OTW Jogja lah. Ora sisan OTW
Ngising di apdet sisan.
-Tukang Pamer : nek lagi gaul
pokoke kudu apdet. Nek lagi
mangan neng restoran sing larang
mesti apdet. Nek lagi mangan neng
angkringan bae ora di apdet.
-Ora nggenah : kiya type pengguna
blekberi sing jarang banget apdet.
Foto karo statuse ajeg bae ora tau di
ganti. Jane kuwe anu bisa
nganggone apa ora yah..
Kuwe mau type pengguna blekberi.
Ya ora kabeh sih kaya kuwe, tapi
akeh sing kaya kuwe. #uduNyong
Mulane di jenengi smart phone
kayane sih mandan ora pas. Kudune
di jenengi Lengob phone bae.
Mulane kanggo sing duwe blekberi
ya ora usah cokan pamer. Kadaran
duwe BB duite wong tua ora usah
bangga, mengko nek bisa tuku karo
duite dewek tembe bangga.
Ngormati juga karo sing ora duwe
blekberi. Ora usah lenjeh kakehan
autotext. Pada bae wong Alay kuwe
jenenge.
Wis disit ora usah kakehan, nek ana
sing ngrasa utawa tersinggung ya
ora urusan, ora urunan, ora duwe
duit. Jenenge bae Daplun
Matur Nuwun..
#salam selulerr

Wes sitik wae yah :D
~Rich~